materi tugas sekolah lengkap, semua tugas sekolah SD, SMP, SMA

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA MEMPERINGATI PENDIDIKAN NASIONAL

Share on :

Nama : Mely Sukma Rahmadani

Kelas   : XII Akuntansi

 

MENGETI DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

 

Assalamualaikum Warrohmatullohi Wabarokatuh.

Poro Bapak, Ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem dinten ingkang berbahagia niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT. Ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten mriki panggenan kaperlu  mengeti dinten Pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggal kaping kalih  saking wulan mei tahun 2018.

Perlu saged kito sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga nergaranipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerep ing dalem agami kito islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal wakdal Nabi Muhammad SAW. Taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun supados umat niku dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan  lan dados umat  umat  beliau ingkang boten bodoh. Ing dalem riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun ;

“nggoleko ilmu iku senajan ono negeri Chino, Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatase saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngrendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu  sebab repote penggawean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan mengeti dinten Pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu. Niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan umum.

Semanten ingkang saged kulo aturaken. Mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah SWT.

Amin ya rabbal Aalamiin. Akhirul kalam,

Wassalamualaikum Warrohmatullohi Wabarokatuh.

0 komentar on CONTOH PIDATO BAHASA JAWA MEMPERINGATI PENDIDIKAN NASIONAL :

silahkan tinggalkan koment kamu!

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

Followers